Sabtu, 26 November 2016



ORA NGERTI TETEP NEKAT

            Ing salah sawijining dina, sak rampunge bimbel wektu moleh aku lan nia menyang mojosari arep ndilok volly ing gor gajah mada. Awakdewe wong loro wadon ora ono knco lyane. Budal tekan omah jam setengah 14.30 padahal maine iku jam 14.00.  Wektu iku cuacane panas pisan ing tengah perjalanan nyampe mojokerto dalan iku macet mergo ono gerak jalan mojokerto-surabaya.
“walah nis, wes panas macet sisan” gremenge nia.
 “iyo ni, iki menangi main opo gk yo”
 “emboh nis, wes jam 15.00” ujare nia
Sak wis e ngliwati macet, tibo ing mojosari podo bingung amarga ora ono sing eroh dalane, lan gone gor gajah mada.
“loh nis, saiki ndewe wis ing mojosari, tempat e kuwi ing ngendi?”
 “loalah ni, aku yo ora eroh endi-endi lh opo maneh mojosari kuwi” sahutku
 “lh terus iki keopo nis, aku yo ora ngerti dalan kene”
            Wong loro kuwi bingung ora ngerti dalane lan ora ngerti gor gajah mada, lan de’e ora ono sing paketan, semunggo ono sing paketan kuwi iso ndeleki lewat gps. Ancene arek loro iku nekat temen kepingin ndilok volley ing mojosari, lah de’e ora ono sing ngerti dalane. Untunge nia mau ing sekolahan dikandani kncone nggon e gor gajah mada.
“nis, kuwi paketan ora”
“ora ni, keopo iki ndewe ora ngerti dalane nek nyasar piye?”
“emboh nis, jarene koncoku mau j-tox  teruuss pkok e ing pinggir dalan” ujare nia
“y owes, ni ayo digelek i”
Wong loro kuwi percoyo diri nek bakal iso nemokake gor gajah mada, de’e nglanjutno perjalanane.
   “ni, ndewe iki tutuk ndi kok tambah ngidul terus” jareku
    “emboh nis aku yo gak eroh, wis ayo takok uwong ae timbang awak ndewe nyasar adoh”
    Sak banjure arek loro kuwi takon ing wong pinggir dalan.
“nuwun sewu pak,  badhe tangglet gor gajah mada niku pundi nggeh seng enten lare volly”
“oallah, nduk ning kono mau ing kulon lore dalan, tapi nek arek volley ing etan, sampean kanan trus kiri pinggire ATM. Kandanane wonge
“oallah, nggeh sampun lek ngoten nggeh matur nuwun”
            Lagek ketemu gor tibane duduk gor gajah mada, tapi gor kusuma bangsa, tros awak ndewe ngulon maneh tetep durung nemokake. Ora kesuwen takok arek sekolahan. Alhamdulillah wis ketemu, terus melbu ing gor tibane wis mari main.
“nis, kuciwa aku wis rene tapi ora menangi main”
Ora suwe awak ndewe moleh, ing tengah perjalanan sekitar jam 17.05 dalanan kuwi macet maneh, ora iso moleh cepet. Sampek mojokerto jam 18.15 dalan podo ditutup kabeh amarga ono gerak jalan. Ono sing puter balik, ono sing liwat jalur perkampungan.
   “nis koyo opo iki, liwat ing ngendi dalan ditutup kabeh aku bingung”
   “aku yo ora ngerti ni, ayo melu arah e wong-wong ae, mugo-mugo iso moleh”
“ora iso liwat iki, akeh arek gerak jalan”
“ayo mampir menyang alfa, tuku panganan”
          Sak banjure awak ndewe leren menyang alfa samba ngenteni dalan iso dibuka.
“ni, ayo liwat jalur iku ae iki wes oleh dibuka dalane”
“oh, iyo wes ayo ndang moleh wes dalu”
Akhire wis iso moleh, ing tengah perjalanan”nis wis iki ayo digawe pelajaran kanggo awak ndewe” kandanane nia.
  “iyo ni, ndewe nekat temen wis ora ngerti dalane, wedonan ijen ora ono kncone pengalaman lucu iki.”
“hahaa..iyo nis cerito iki ayo digawe tugas basa jawa sing tentang cerkak”
“wah siip iku ni”
Sak banjure tekan omah dewe-dewe nganti slamet. Lan iki dadi pelajaran karo aku lan nia, yen ora mbaleni kaya pengalaman iki.

 Created :
Aprilia Ajeng K.